Beranda Teks Pidato Tata Bahasa Sastra Ceramah Khutbah Arti Kata Puisi

Puji-Pujian Bahasa Jawa Populer di Cirebon

Sumbiri sumbarina..
Aja turu waktu subuh.
ana geni marong-marong
Murubekuh menter-menter..

Wong ning dunia sugi dosa.
Dosane wong ora ibadah..
Gage Tobat, gage Ngaji
Mumpung durung ninggal dunia..

Mbuh Taune
Mbuh Wulane..
Mbuh Dinane..
Mbuh Waktune..
Gedongana Kumcenana
Wong Mati Mangsa wurunga
------------->><<------------

Nalikane Para Menusa.
Kang Wis pada ninggal dunia..
Maka Putus Kabeh Amale
Illa Telung macem rupane..
Nomer Siji sodaqoh jariah
Ikhlas Ridlo Lillahita'alaa
Nomer Loro 'ilmu manfaat
Ngawit ning Dunia sampe akherat
Nomer Telu Anak kang Sholeh
Kang Do'a aken Ibu bapane.
Esuk Sore terus donga akeen
Awan lan bengi ora bosen-bosen..

-----------

Siti Masitoh Pilihan Puterane
Membela agama sampe mati
Jembar Pekuburane, mambue lenga wangi
Seneng lan bunga dikasihi kanjeng nabi

Bengi Jumat roh kubur ana ning lawang
Njaluk dikirimi dongane ngaji Qur'an
Lamun Ora oli ngurut dada brebes milih
Balik ning kuburean Nangise awan bengi.

--------------

0 komentar:

Post a Comment

Terima Kasih telah berkunjung diblog Kata Estetika ini, silahkan tinggalkan komentar anda,